6.Bahasa Jawa

PERANGANE NASKAH PIDHATO 
PEPILING Sajrone tanggap wacana (pidato), ana sawenehe perangan kang kudu digatekake lan kudu ana ing naskah pidato,yaiku :1.      Salam PambukaSalam pambuka yaiku: salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.2.      PurwakaPurwaka yaiku atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh.3.      Isi utawa Surasa BasaIsi yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/tamu.4.      Dudutan (kesimpulan)Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake.5.      Pangarep-arepPangarep-arep yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake.6.      Wasana Basa (penutup)Wasana (penutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.

A.RINGKASAN MATERI1.      PranatacaraSaking tembung lingga tata lan cara. Dasanamanipun pranatacara inggih menika panatacara, panata adicara, paniti laksana, pambiwara lan MC.Syarat –syaratipun dados Pranatacara:a)      Nggadhahi kekendelan lan sifat sengguh ora mingkuh.b)      Nggadhahi ketrampilan ing bab wicara.c)      Nguwaosi materi ingkang badhe katindakaken.d)     Nggadhahi prana ingkah ndudut manah.Kejawi menika pranatacara ugi kedah nggadhahi gegebengan kangge jangkepi jejeripun minangka Pranatacara lanthi lampah:·         Malagawa: tumindak kanthi trampil trengginas.·         Matanggap: tanggap ing saliring swasana.·         Malaksana: mrebawani·         Magatra: Nggadhahi patrap ingkang prasaja.·         Mawasta: Sengguh ora mingkuh wruhing rasa lan suba sita.·         Mardawa basa: lebda ing bab basa.·         Mardawa Swara: wasis ing pangolahing swaraSanguning Pranatacara:1.      Olah swaraa)      Logat: ngangge dialek jawa (jogja).b)      Pocapan: kudu cetha, las – las,ora bindheng lan ora blero.c)      Wirama:ana cekak dhawa, ngisor nduwur ora mung ajeg.d)     Wirasa: nalika micara nglaras surasa.2.      Olah basa lan sastra : pilihan tembung, purwakanthi, sekar, suluk, panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan lan sapanunggalane.3.      Olah raga : pangolahing raga supaya solah bawa utawa tindak tanduke trep karo jiwa panatacara sing empan papan.4.      Olah busana : busana kudu trep karo adat lan swasana.Urutan Reroncening acara1.      Salam Pambuka2.      Salam talim= salam pakurmatan3.      Ngaturaken Puji syukur4.      Reroncening acara5.      Panutupan6.      Salam Panutup2.      Tembang CampursariLelagon campursari iku ora duwe aturan sing baku utawa gumathok, sing mesthi bisa gawe gumyak lan seneng sing ngrungokake lan bias kanggo ngelipur ati.Cakepane uga prasaja lan gampang diapalke. Sing ngiringi saka gamelan lan alat music modheren., loro – lorone ditabuh bebarengan kanthi laras lan kepenak dirungokake. Conto penyanyi campursari ingkang kondhang inggih menika Manthous, Didi kempot, sony joss lan sapanunggalane. Contonipun lagu campursari inggih menika Tanjung Mas Ninggal Janji, Sewu Kutho, Pacobaning urip, Alun- alun Nganjuk lan sapanunggalane.3.      NgudaraosNgudaraos atau ngudhar raos inggih menika ngudharaken rasa / uneg – uneg.4.      Tembang MacapatTembang macapat ugi kasebat sekar alit utawi tembang cilik.            Ingkang kasebat tembang cilik wonten 11 inggih menika:1.      Mijil : ateges metu, miyos utawi lair.Paugeranipun: 6 gatra: 10 i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u2.      Kinanthi: saking lingganing tembung kanthi utawa tubtunlare ingkah taksih balita dipun tuntun/ dipunbimbing.Paugeranipun: 6 gatra: 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i3.      Sinom:tegesipun nem – neman/ pemuda ingkang nedheng – nedhengipun ngudi kawruh.Paugeranipun: 9 gatra: 8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 7i – 12a4.      Asmaradana: Para mudha sasampunipun ndungkang diwasa lajeng kastuwuhan raos tresna dhateng tiyang sanes.Paugeranipun: 7 gatra: 8a – 8i – 8e/o – 8a – 7a – 8u – 8a5.      Gambuh: Saking tembung jumbuh/sarujuk/cocog, ingkang tegesipun sampun sarujuk lajeng dipun gathukaken.Paugeranipun: 5 gatra: 7u – 10u – 12i – 8u – 8o6.      Dhandhanggula: tegesipun tiyang ingkang sampun mangun gesang bebrayan nggadhahi idha – idhaman gesang ingkang sarwa sarwi endah.Paugeranipun: 10 gatra: 10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 8u – 8a – 12i – 7a7.      Durma: saking tembung darna/paweweh. Tiyang gesang sasampunipun kacekap kabetahanipun, lajeng wiwit mikir kabetahanipun sesaminipun.Paugeranipun: 7 gatra: 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i8.      Maskumambang: Tiyang ingkang sampun ndungkap sepuh wonten raos mangu – mangu ing manahipun ngetang – etang kathahing tumindhak ingkang awon.Paugeranipun: 4 gatra: 12i – 6a – 8i – 8a9.      Pangkur:Saking tembung mungkur/ nyingkur. (Nyingkiri hawa napsu)Paugeranipun: 7 gatra: 8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8a -8i10.  Megatruh: saking tembung megat/pisah lan ruh. (pegatipun ruh lan raga)Paugeranipun: 5 gatra: 12u – 8i – 8u – 8i – 8o11.  Pocung: Sasampunipun tilar donya dipunbungkus mori pethak.Paugeranipun: 4 gatra : 12u – 6a – 8i – 12aPaugeran Macapat